Posts

Lahiripun Bethara Kala

Lahiripun Bethara Kala = 01 / 04 = 1. Jêjêr ing Kahyangan Jonggríngsalåkå, Bathårå Guru miyós siniwåkå wóntên palênggahan Marcukundhamaník balé Paparyåwarnå, dipún adhêp pårå putrå Déwå, Bathårå Indrå, Bathårå Sambo, Bathårå Bråmå lan pårå Déwå pêpak. Nalikå punika Bathårå Guru sampún ngawóntênakên kawah Candradimukå, êndhút Blêgdåbå, wót Ogal-agíl lan sapanunggalanipún. Nalikå punika ing Kahyangan Jonggríngsalåkå kataman gårå - gårå agêng, margi wóntên titahíng Hyang Måhå Kawåså bêbisík sang Kanékåputrå, wayahipún sang Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang Ismåyå, anggêntúr tåpå wóntên têlêníng samodrå, sarwi anggêgêm musthikå Rêtnå Dumilah, paringipún sang Hyang Nurrådå ingkang kalís têlêsing toyå lan sasaminipún. Anggènipún tåpå bråtå wau gadhah sêdyå ngungkuli panguwaósanipún Bathårå Guru. Bathårå Guru ngutús pårå putrå lan pårå Déwå sadåyå, kapuríh ambadhar...