Posts

Lampahan Manik Maya Jagad Ginelar

Image
= 01 / 05 = Pakêm kinå kalarasakên kaliyan kawóntênan sapunikå 1. Anggêdhóg kothak kapíng gangsal, gångså mungêl Ayak- ayakan, kalajêngakên gêndhíng Kawít, minggah ladrang Kawít, laras Sléndro pathêt Manyurå. Sasampunipun Kayón (Gunungan) kabêdhól, kagêtêrakên lêmbat, kalóród mangandhap, mandhêg kapíng tigå, têrús amblês mangandhap ing palêmahan kêlír. Kayón lajêng kalampahakên alón gêtêr mangiwå-manêngên wongsal - wangsúl. Nuntên tancêb jêjêg ing dêbóg nginggíl. Gêndhíng kasirêp (mungêl liríh), lajêng kacaritakakên kajantúr: Nalikå awang awang - uwúng uwúng, dèrèng wóntên punåpå punåpå, Hyang Måhå Kawåså manggèn wóntên satêngahíng kawóntênan, nyíptå dumadósíng pasthi. Wóntên swantên ambêngúng ngêbêgi jagad kadós swantêníng gênthå kêkêlêng. Ingriku wóntên cahyå pacihang gumêbyar mungsêr bundêr kadós antigå (tigan) gumandhúl tanpå canthèlan. Énggal dipún astå déníng Hyang Måhå Kawåså, dipún pujå : 1. Cangkókip...

Lahiripun Bethara Kala

Lahiripun Bethara Kala = 01 / 04 = 1. Jêjêr ing Kahyangan Jonggríngsalåkå, Bathårå Guru miyós siniwåkå wóntên palênggahan Marcukundhamaník balé Paparyåwarnå, dipún adhêp pårå putrå Déwå, Bathårå Indrå, Bathårå Sambo, Bathårå Bråmå lan pårå Déwå pêpak. Nalikå punika Bathårå Guru sampún ngawóntênakên kawah Candradimukå, êndhút Blêgdåbå, wót Ogal-agíl lan sapanunggalanipún. Nalikå punika ing Kahyangan Jonggríngsalåkå kataman gårå - gårå agêng, margi wóntên titahíng Hyang Måhå Kawåså bêbisík sang Kanékåputrå, wayahipún sang Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang Ismåyå, anggêntúr tåpå wóntên têlêníng samodrå, sarwi anggêgêm musthikå Rêtnå Dumilah, paringipún sang Hyang Nurrådå ingkang kalís têlêsing toyå lan sasaminipún. Anggènipún tåpå bråtå wau gadhah sêdyå ngungkuli panguwaósanipún Bathårå Guru. Bathårå Guru ngutús pårå putrå lan pårå Déwå sadåyå, kapuríh ambadhar...